HIJROH DUMATENG KESAHENAN
خطبة عيد الفطر
ا الله أكبر الله أكبر الله أكبر لا إله إلا الله والله أكبر الله أكبر ولله الحمد
الحمد لله ثم الحمد لله، الحمد لله حمداً يوافي نعمه ويكافئ مزيده، ياربنا لك الحمد كما ينبغي لجلال وجهك ولعظيم سلطانك، سبحانك اللهم لا أحصي ثناءً عليك أنت كما أثنيت على نفسك، وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لاشريك له، وأشهد أن سيدنا ونبينا محمداً عبده ورسوله، وصفيه وخليله، خير نبيٍ أرسله، أرسله الله إلى العالم كله بشيراً ونذيراً، اللهم صلِّ وسلم وبارك على سيدنا محمد، وعلى آل سيدنا محمد؛ صلاة وسلاماً دائمين متلازمين إلى يوم الدين، وأوصيكم ـ أيها المسلمون ـ ونفسي المذنبة بتقوى الله تعالى بقول الله تبارك وتعالى " يأيها الذين آمنوا اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون "
الحمد لله الذي أنعم الله علينا بشهر رمضان ، وكرمنا فيه بنزول القرآن " شهر رمضان الذي أنزل فيه القرآن ، هدى للناس وبينات من الهدى والفرقان، الحمد لله الذي جعل لنا عيدا في نهاية شهر رمضان ، فقد قال النبي صلى الله عليه وسلم " إن لكل قوم عيدا وهذا عيدنا " وقال النبي صلى الله عليه وسلم " للصائم فرحتان : فرحة عند فطره وفرحة عند لقاء ربه "
الله أكبر الله أكبر الله أكبر لا إله إلا الله والله أكبر الله أكبر ولله الحمد
Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah…
Langkung rumiyin kulo wasiyat dumateng pribadi kulo piyambak lan dateng kaum sedulur kulo muslim sedoyo. Monggo sami ajrih dateng ngarsanipun Allah kelawan netepi sikap lan sifat takwa ingkang saestu-estunipun taqwa. Sejatosipun takwa inggih kelawan ngamalaken sedoyo menopo ingkang dados dawuhipun Allah lan nebihi sedoyo larangan-laranganipoun Allah swt.
Langkung rumiyin kulo wasiyat dumateng pribadi kulo piyambak lan dateng kaum sedulur kulo muslim sedoyo. Monggo sami ajrih dateng ngarsanipun Allah kelawan netepi sikap lan sifat takwa ingkang saestu-estunipun taqwa. Sejatosipun takwa inggih kelawan ngamalaken sedoyo menopo ingkang dados dawuhipun Allah lan nebihi sedoyo larangan-laranganipoun Allah swt.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar.
Kaum Muslimin Muslimat Ingkang kulo mulyaaken… Dinten niki dinten riyoyo Fitri utawi Idul Fitri. Fitri meniko artosipun secara bahasa buko, (minongko tandane wus rampung anggene nglampahi puasa ramadhan). Kanthi rahmat lan kabugrahaning Gusti Allah, kito sedoyo saget ngrampungaken kewajiban puasa engkang kalebet rukun Islam engkang kaping limo. Saklebetipun syiam meniko kito sampun saget nyingkirake hawa nafsu saking tetedan , unjukan lan lintunipun ,pramilo kelawan tumibanipun ‘Idul Fitri iki kito kraos pikantuk kemenangan kados dene prajurit kang nembe kondur saking medan perang kelawan mbekto kemenangan kang gilang gumilang", sak yektosipun ingnggih kados mekaten, bilih nglawan hawa nafsu niku dumunung sewijine jihad, sewijine perjuangan enhkang ageng sangget, Rosululloh SAW naliko kondur saking peperangan nglawan musuh kaum kafir lan musyrikin wonten ing medan perang, Panjenenganipun banjur ngendika:
“رَجَعْنَا مِنَ الْجِهَادِ اْلاَصْغَرِ اِلَى اْلجِهَادِ اْلاَكْبَرِ, جِهَادِ النَّفْسِ”
Artosipun: Awake dewe iki pada bali songko jihad kang cilik (ngelawan mungsuh) nuju ngadepi jihad kang luwih gedhe, ya niku Jihad (nglawan) Nefsu”..
Allohu Akbar, Allohu Akbar, Allohu Akbar.
Kaum muslimin yang berbahagia!
Nyambut riyadin kanthi bingah lan suko cito pareng ke mawon,, bungah-bungah angsal, nanging sak madya mawon. Wonten sawijine ulama islam, Abu Yazid, paring dawuh makaten:
Nyambut riyadin kanthi bingah lan suko cito pareng ke mawon,, bungah-bungah angsal, nanging sak madya mawon. Wonten sawijine ulama islam, Abu Yazid, paring dawuh makaten:
لَيْسَ اْلعِيْدُ لِمَنْ لَبِسَ اْلجَدِيْدَ, وَلاَ لِمَنْ اَكَلَ اْلقَدِيْدَ, وَلَكِنَّ اْلعِيْدُ لِمَنْ طَاعَتُهُ تَزِيْدُ, وَخَافَ اْلوَعِيْدَ.
Artine: “riyoyo niku dudu kanggo piyantun kang nyandang anyar tur mangan dendeng enak, nanging riyoyo iku kanggone piyantun kang ketaatane marang Alloh biso tambah lan wedi marang ancaman siksane.”
Dados jelas menawai piyantun kang naliko nyambut dinten riyoyo namung kelawan seneng-seneng lan lampah mubadzir, Meniko wau inggih namung nuruti kekarepanipun howo nafsun lan yen dituruti terus, hawa nafsu niku mboten wonten mareme, mboten winten akhiripun. Soyo dangu tambah ndados, kados dene piyantun nyuwun toyo seganten kang asin, tambah kathah nyuwunipun, tambah nemen anggenipun ngraosaken ngelak.
Imam Al Bushiri ing dalem kitab Al Burdah, ngaturaken syi’irane :
“وَالنَّفْسُ كَالطِّفْلِ اِنْ تُهْمِلْهُ شَبَّ عَلَى * حُبِّ الرَّضَاعِ وَاِنْ تَفْطِمْهُ يَنْفَطِمِ”
“Howo nafsu iku kayo dene bocah ciliik, lamun siro tokne, mesti terus olehe seneng nyusu, nanging lamun siro sapih (dipedot) hidup,mulo bakal kasapih (biso medhot banyu susu).”
Rosululloh SAW ngendikaake yen piyantun kang seneng nuruti nafsune niku durung biso sempurno imane.
لاَيُؤْمِنُ اَحَدُكُمْ حَتَّي يَكُوْنَ هَوَاهُ تَبَعًا لِمَا جِئْتُ بِهِ
Artine : “Ora sampurno imane salah sawijine siro kabeh, sahinggo howo nafsune gelem di anutake marang agomo kang ingsun (Nabi Muhammad) gawa (yoiku Agami Islam).”
Diriwayatake deneng Imam Bukhori.
Dados sanes agaminipun engkang dianutake miturut kekarepane howo nafsunipun, Nanging howo nafsune kang kedah dipun rem, dipekak lan sarto dipun kendalekaken ugi dipun setir dening agami Islam. Menawi lampah meniko pun saget ditindak aken nembe saget kawastanan sampurno imanipun.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar.
Kaum Muslimin Muslimat Ingkang Berbahagia.
Saben-saben piyantun kang anduweni cito-cito utowo niat kepingin gayuh sewijine perkoro kang nyebabake kepenak, mesti lan wajib wani ngadepi kesengsaran, kerupekan lan wajib tahan tur sabar. Kito sedoyo kepingin ngraosaken legine nangka, kedah wantun kengeng pulutipun, kito kepingin ngraosaken legine madu tawon, kedah wantun dientup tawon, lan sak lajengipun.
Saben-saben piyantun kang anduweni cito-cito utowo niat kepingin gayuh sewijine perkoro kang nyebabake kepenak, mesti lan wajib wani ngadepi kesengsaran, kerupekan lan wajib tahan tur sabar. Kito sedoyo kepingin ngraosaken legine nangka, kedah wantun kengeng pulutipun, kito kepingin ngraosaken legine madu tawon, kedah wantun dientup tawon, lan sak lajengipun.
Ringkesipun sedoyo kelapangan lan kesenengan kedah dipun padosi kelawan wani nandang sengsoro lan prihatin. Semanten ugi dinten riyaya niki, dinten kang diramekaken kelawan kabungahan lan kasenengan, saget kalampah mung kelawan wontenipun wulan poso romadhon ingkang ing sak lebeting sewulan muput ngraosaken ngelak lang ngelih utawa weteng luwe.
Rekoso disik banjur bungah-bungah, niku mboten namung menungso kemawon, cobi kito pirsani kahananipun kupu, asale uler. Naliko deweke kepengin biso mabur dadi kupu, bebas mrono mrene, banjur deweke ngenthung, poso ora mangan lan ora ngombe, awake dilebokake guwo, inggih meniko enthunge, ngantos pinten pinten dinten wekdalipun. Akhiripun saget sukses Bermetamorfosis dados kupu, engkang saget ngambah gegono, mabur kelawan sentosa.
Engkang maketen meniko wajib dados pepeling utowo tadzkiroh tumrap poro menungso engkang saget nginakaken akalipun piyambak. Pramilo meniko cocok sanget nopo ingkang dipun dhawuhake dening Allah Ta’ala :
فَإِنَّ مَعَ اْلعُسْرِ يُسْرًا ، إِنَّ مَعَ اْلعُسْرِ يُسْرًا (سورة الإنشراح: 5-6)
Artine : “Amarga Sa’temene sawuse angel iku ana gampange. Satemene sawuse angel ana gampange”
Allohu Akbar, Allohu Akbar, Allohu Akbar.
Poro kaum muslimin !
Poro kaum muslimin !
Naliko Shiyam kito ngraosaken ngelih lan ngelak, kinten kinten namung wonten wekdal poso kito ngraosaken mekaten, menawi mboten poso mesti saget dhahar-ngunjuk-udud ngantos kuwaregen lan marem. Nanging yen kitho neliti kahananipun poro kaum faqir miskin, sangsara sanget pagesanganipun, sedinten saget dahar ,dinten saklajengipun mboten saget dahar , sandanganipun suwek-suwek owal-awilan mboten wonten gantosipun lan saben dintenipun mlampah turut margi, nyuwun kawelasanipun tiyang sanes. Piyantun kang makaten meniko ,saben dinten ngraosaken ngelak lan ngelih, saben dinten atinipun tansah susah kerono dereng kantenan menopo engkang bade dipun dahar mbenjing sak lajengipun.
Kadang-kadang ketambahan nggadahi anak yatim, sebab bapakipun sampun mboren wonten , Pramilo saking meniko sak sampunipun kito ngraosaken sangsaranipun dospundi nuju mboten mangan lan mboten ngombe sewulan muput meniko, mugi mugi saget thukul roso welas lan asih marang poro faqir miskin.
Kranten meniko agami islam lajeng majibaken tumrap ummatipun supados ngedalaken zakat fithrah lan menawi wonten sandangan engjang mboten dipun damel, langkung prayogi dishodaqohaken dumateng piyantun-piyantun kang kekirangan meniko. Kelawan nindaakaken engkang kados makaten,kitho sampun ngamalake perintahipun Rosululloh SAW:
أَغْنُوْهُمْ عَنِ السُّؤَالِ فِى هَذَا اْليَوْمِ .
Artine : “Poro faqir miskin niku cukupono (sandang pangane) supoyo ojo nganthi jejaluk ing dino riyoyo iki.”
Tegese ojo nganthi yen dino riyoyo niku katon ono piyantun ngemis, sebab mesakake banget, wayahe piyantun akeh podo seneng-seneng, sambang-sinambang, ziaroh-ziarohan kelawan mangan jajan lan ngombe wedang, dumadaan isih ono sepirangan ummat kang kapekso jaluk-jaluk kanggo ngisi wetenge, mongko yen ditakoni agamane, deweke yo ngaku yen , “agami kulo Islam”. Dados menawi makaten piyantun niku taksih sedulur kitho piambak, inggih meniko sedulur tunggal agomo. Nopo mboten trenyuh manah kitho. Mugi-mugi kitho diparingi sifat welas lan asih marang sepdo-podo makhluq ing bumi meniko, supados kitho dipun asihi ugi dening Alloh SWT, Rosululloh saw dawuh :
اِرْحَمْ مَنْ فِى اْلأَرْضِ ، يَرْحَمْكَ مَنْ فِى السَّمَاء
ِArtine : “Welaso siro marang kang ono ing bumi, siro mesti diwelasi kang ono ing langit.” Diriwayatake dening Imam At Thobroni saking shohabat Jarir ra.
Allohu Akbar, Allohu Akbar, Allohu Akbar.
أَعُوْذُ باِللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ :“وَاَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقْنَاكُمْ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَأْتِيَ أَحَدَكُمُ اْلمَوْتُ فَيَقُوْلُ رَبِّ لَوْلاَ أَخَّرْتَنِى اِلَى أَجَلٍ قَرِيْبٍ , فَأَصَّدَّقَ وَأَكُنْ مِنَ الصَّالِحِيْنَ. وَلَنْ يُؤَخِّرَ اللهُ نَفْسًا إِذَا جَاءَ أَجَلُهَا , وَاللهُ خَبِيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ” (سورة المنافقون : ۱۰-۱۱(
Artine :
“Lan siro kabeh podo infaqna songko rizqi kang wus ingsun paringake marang siro kabeh, sak durunge salah suwijine siro kabeh bakal katekan pati, banjur matur : “Duh pengeran kulo, mugi panjenengan paring wekdal sakedap kemawon kulo bade shodaqoh lan bade dados golonganipun tiyang sahe-sahe.
“Lan siro kabeh podo infaqna songko rizqi kang wus ingsun paringake marang siro kabeh, sak durunge salah suwijine siro kabeh bakal katekan pati, banjur matur : “Duh pengeran kulo, mugi panjenengan paring wekdal sakedap kemawon kulo bade shodaqoh lan bade dados golonganipun tiyang sahe-sahe.
Alloh ora bakal paring kelonggaran wektu marang piyantun lamun wus teka titi mangsane pati. Alloh iku Moho Waspodo marang opo wahe kang siro kabeh tindaake.”
بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ اْلعَظِيْمِ . عِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ, وَاَحُثُّكُمْ وَنَفْسِى عَلَى طَاعَةِ اللهِ وَرَسُوْلِهِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِى وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
الخطبة الثانية
الله أكبر X7
الله أكبر كبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا. أشهد أن لاإله إلا الله وأشهد أن محمدا عبده ورسوله . اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى أله وصحبه أجمعين وسلم تسليما كثيرا .
أما بعد :فيا أيها الناس اتقوا الله ولازموا الصلاة على خير خلقه عليه الصلاة والسلام. فقد أمركم الله بذلك إرشادا وتعليما. فقال: إن الله وملائكته يصلون على النبى . يا أيها الذين أمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما. اللهم صل على سيدنا محمد وعلى أله وصحبه أجمعين . وعلى التابعين ومن تبعهم بإحسان الى يوم الدين. وارحمنا معهم برحمتك يا أرحم الراحمين.
اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الأحياء منهم والأموات إنك على كل شيئ قدير . اللهم أعز الإسلام والمسلمين. وأهلك الكفرة والمبتدعة والرافضة والمشركين . ودمر أعداء الدين . واجعل اللهم ولايتنا فيمن خافك واتقاك. ربنا أتنا فى الدنيا حسنة وفى الأخرة حسنة وقنا عذاب النار . ربنا اغفر لنا ولإخواننا الذين سبقونا بلإيمان ولا تجعل فى قلوبنا غلا للذين أمنوا ربنا إنك رؤوف الرحيم والحمد لله رب العالمين.
Editor text : Rohmat Afif
Romadlon 1438 H
Romadlon 1438 H
0 komentar:
Posting Komentar